Wikimedia Foundation elections/Board elections/2009/jv

Pamilihan ditutup ing tanggal 10 Agustus 2009. Swara sing dikirim sawise kuwi ora bakal ditampa.
Asil diumumake tanggal 12 Agustus 2009.
Pamilihan Dewan 2009
Organisasi

Pamilihan Dewan Pengawas 2009 bakal dianakaké tanggal 28 Juli nganti 10 Agustus 2009. Anggota komunitas Wikimedia nduwèni kasempatan kanggo milih telu kandidat sing bakal tugas sajroning rong taun nganti 2011. Dewan Pengawas yakuwi otoritas paling dhuwur ing Wikimedia Foundation, sawijining organisasi nirlaba bebas pajak ing Amérika Sarékat. Wikimedia Foundation ngoperasèkaké werna-werna proyèk kayadéné Wikipedia lan Commons.

Pamilihan bakal dianakaké jroning mode kalindhung liwat server-server duwèké Software in the Public Interest. Saben swara nduwèni sipat rahasia lan mung bisa dideleng déning sethithik banget panganggo sing kajibah udit lan ngitung swara kasebut. Swara bakal diitung migunakaké metode Schulze yakuwi saben kandidat diwènèhi peringkat miturut preferensi pamilih.

Komite Pamilihan kepingin bisa ngumumaké asilé sadurungétanggal 12 Agustus 2009. Asil sacara rinci bakal kasediyakaké. Kabèh wektu jroning kaca iki yakuwi jam 00:00 (tengah wengi) UTC.

Informasi tumrap sing mènèhi swara edit

Syarat edit

Panjenengan bisa mènèhi swara saka salah siji akun panganggo sing panjenengan duwèni ing salah siji proyèk wiki Wikimedia (Panjenengan mung olèh mèhi swara sepisan, senadyan nduwèni akèh akun). Akun sing dipigunakaké kanggo mènèhi swara iki kudu:

  • pra nuju diblokir; lan
  • dudu akun bot; lan
  • wis nglakoni minimal 600 suntingan sadurungé 01 Juni 2009 ing kabèh wiki Wikimedia (panyuntingan ing sawetara wiki bisa dijumlahaké yèn panjenengan wis nggabung akun global); lan
  • wis nglakoni minimal 50 suntingan jroning 01 Januari nganti 01 Juli 2009.

Kajaba kanggo akun-akun ing ngisor:

  • administrator server Wikimedia kanthi shell access;
  • pegawai Wikimedia Foundation sing wis nyambutgawé wiwit sadurungé 01 Maret 2009;
  • anggota utawa mantan anggota Dewan Pengawas.

Cara mènèhi swara edit

Yèn panjenengan nduwèni hak swara sah:

  1. Waca presentasi para kandidat lan pilih kandidat endi sing bakal panjenengan dhukung.
  2. Bukak kaca wiki "Special:Securepoll" ing wiki papan panjenengan nduwèni syarat kanggo milih. Conto, yèn panjenengan paling aktif ing Wikipedia basa Jawa, bukak kaca jv.wikipedia.org/wiki/Special:Securepoll.
  3. Turuti instruksi ing kaca kasebut.

Informasi kanggo para kandidat edit

Sawijining katrangan rinci ngenani tanggung jawab anggota Dewan bisa dipirsani ing buku manual Dewan.

Tanggung jawab minangka anggota Dewan edit

Minangka anggota Dewan saka organisasi cilik kaya Wikimedia Foundation, sing ngadhepi tantangan gedhé banget, butuh akèh wektu. Posisi iki sipaté sukarila lan ora dibayar. Senadyan anggota Dewan ora dikarepaké mènèhi sumbangan pribadi marang organisasi, bisa mbantu penggalangan dana.

Anggota dewan dikarepaké bisa ngrawuhi saora-orané 3-4 rapat saben taun sacara pribadi, ngrawuhi Wikimania (konferensi taunan WMF), lan ngrawuhi rapat daring lan pamungutan swara sing wis dijadwalaké, sarta mènèhi swara. Dewan komunikasi sacara intens liwat layang-e, wiki, lan IRC. Para Pengawas sacara individu kadhang partisipasi jroning rapat-rapat strategis karo organisasi utawa prusahaan-prusahaan liya, lan mratélaké asilé marang Dewan lan staf Foundation.

Saben anggota Dewan dikarepaké mèlu jroning sawetara aktivitas tinamtu (kayadéné penggalangan dana, Wikimania, utawa audit) lan mbantu gawé konsep kawicaksanan, prejanjèn, lan resolusi ing sawetara topik.

Amarga para anggota Dewan nglaksanakaké tugasé sacara sukarila, para kandidat sing wektu iki minangka staf sing dibayar déning Wikimedia Foundation kudu mundur sadurungé bisa ditunjuk minangka anggota Dewan Pengawas. Bab iki mawa tujuan kanggo nyegah anané konflik kapentingan sing bisa kedadéyan.

Prasyarat pencalonan kandidat edit

Kanggo dicalonaké minangka kandidat, panjenengan kudu:

  • wis ngayahi minimal 600 suntingan sadurungé 01 Maret 2009 minangka panganggo kadaftar (penyuntingan ing sawetara wiki bisa digabungaké yèn akun-akun panjenengan wis akun global); lan
  • wis ngayahi minimal 50 suntingan antarané tanggal 01 Januari nganti 01 Juli 2009; lan
  • sedia ngungkapaké jeneng asli panjenengan ing presentasi kandidat (amarga identitas anggota Dewan kudu diungkapaké marang publik, ora mungkin sawijining anggota Dewan anonim utawa migunakaké jeneng samaran); lan
  • minimal umur 18 taun lan wis diwasa miturut hukum ing negara asal.
Kajaba: anggota dewan wektu iki bisa nyalonaké dhiri tanpa ndeleng persyaratan ing dhuwur.

Cara ngajokaké pencalonan panjenengan edit

Yèn panjenengan menuhi syarat, mangga ngajokaké pencalonan liwat cara ing ngisor:

  1. Tulis sawijining ikhtisar cekak maksimal 1200 aksara sing nyatakaké apa sing bakal panjenengan ayahi yèn kapilih dadi anggota Dewan, opini lan pengalaman panjenengan sing relevan, lan bab liya sing miturut panjenengan relevan. Panjenengan ora bisa migunakaké ikhtisar pencalonan iki kanggo ngubungaké menyang daftar dhukungan utawa kaca platform apa waé.
  2. Kirim ikhtisar panjenengan antara 00:00, 06 Juli 2009 (UTC) nganti 23:59, 27 Juli 2009 (UTC). Sawisé 27 Juli, ikhtisar iki ora bisa diowahi kajaba kanggo korèksi minor utawa penerjemahan. Tambahan sawisé bates wektu iki bakal diwuwuhi tanggal lan disajèkaké sacara kapisah saka ikhtisar asli, lan mung bakal disajèkaké marang para pamilih yèn tambahan iki wis diterjemahaké menyang kabèh basa kaya ikhtisar asliné.
  3. Kirimna bukti identitas panjenengan menyang Cary Bass (Koordinator Sukarelawan) sadurungé 27 Juli 2009. Panjenengan bakal dihubungi sacara pribadi déning anggota Komite Pamilihan kanthi informasi luwih pepak ngenani pamenuhan persyaratan iki nalika panjenengan ndaftaraké dhiri minangka kandidat.

Kandidat sing ora menuhi persyaratan lan wates wektu ing dhuwur bakal didiskualifikasèkaké.

Organisasi edit

Jadwal edit

  • 01-30 Juni 2009: fase utama penerjemahan; subkomite kudu sacara aktif ngkoordinasèkaké lan promosi penerjemahan.
  • 06-27 Juli 2009: pencalonan kandidat.
  • 27 Juli 2009: wates wektu pangiriman bukti identitas (telat utawa lirwa jroning pangiriman iki ngakibataké diskualifikasi).
  • 28 Juli-10 Agustus 2009: pamilihan.
  • 10-12 Agustus 2009: pamriksaan swara.
  • 12 Agustus 2009: publikasi asil.

Para penerjemah edit

Kanggo mesthèkaké yèn cukup akèh perwakilan saka kabèh komunitas Wikimedia njupuk bagéyan jroning pamilihan iki, wigati banget kanggo nerjemahaké notifikasi pamilihan lan pratélan kandidat marang saakèh-akèhé basa. Kanggo mbantu panerjemahan, pirsani ing kaca panerjemahan.